Kunci Jawaban

20 Soal PTS/STS Bahasa Jawa Kelas 4 SD Semester 1 Kurikulum Merdeka Tahun 2024 Lengkap Kunci Jawaban

Inilah 20 latihan soal PTS/STS Bahasa Jawa kelas 4 SD semester 1 Kurikulum Merdeka tahun 2024 lengkap kunci jawaban.

Penulis: Ayu Wahyuni | Editor: Ayu Wahyuni
buku.kemdikbud.go.id
20 latihan soal PTS/STS Bahasa Jawa kelas 4 SD semester 1 Kurikulum Merdeka tahun 2024 lengkap kunci jawaban. 

SRIPOKU.COM - Inilah 20 latihan soal Penilaian Tengah Semester (PTS) atau Sumatif Tengah Semester (STS) Bahasa Jawa kelas 4 SD semester 1 Kurikulum Merdeka tahun 2024 lengkap kunci jawaban.

Siswa dapat menambah pengetahuan serta menguji pemahaman diri dengan belajar latihan soal PTS/STS Bahasa Jawa kelas 4 SD semester 1 Kurikulum Merdeka yang ada pada artikel ini.

Melansir dari YouTube Sekolah Online Pak T, simak serta pelajarilah latihan soal dan kunci jawaban berikut ini.

Baca juga: Contoh Soal PTS/UTS IPAS Kelas 4 SD Semester 1 Kurikulum Merdeka Tahun 2024 Lengkap Kunci Jawaban

Soal untuk nomor 1-3.

Adhiku

Adhiku...

Aja pijer nangis 
Rungokna pituture Ibu 
Sing sregep sinau 
Adhiku ... 
Aja tukar padu 
Karo kanca mitra 
Rungokna pituture Bapak 
Rukun agawe santosa 
Crah agawe bubrah

1. Gunggunging gatra geguritan ing dhuwur yaiku ....

a. 9

b. 11

c. 10

d. 8

Jawaban : C

2. Sing dadi piwelinge Ibu yaiku ....

a. sing sregep sinau

b. ora kena tukar padu

c. rukun karo kanca

d. aja pijer nangis

Jawaban : A

3. Adhedhasar surasane, panggurit dunungake dhirine minangka ....

a. Bapak

b. Simbah

c. Ibu

d. mbakyu

Jawaban : D

4. Cara kang katindakake amrih gampang anggone mangerteni surasane geguritan yaiku ....

a. negesi tetembungan sing angel

b. ngeling-eling panganggite

c. ngowahi geguritan dadi wacan crita

d. nambahi tembung panggandheng kang jumbuh

Jawaban : C

5. Geguritan kang saben padane kasusun saka pitung gatra diarani ....

a. gita hastagatra sapada

b. gita saptagatra sapada

c. gita pancagatra sapada

d. gita nawagatra sapada

Jawaban : B

Baca juga: 35 Soal PTS/UTS Matematika Kelas 4 SD Semester 1 Kurikulum Merdeka Tahun 2024, Lengkap Kunci Jawaban

6. Wacan kang nuduhake panunjuk pagawean lan cara-cara iku klebu jinis wacan eksposisi ....

a. definisi

b. klasifikasi

c. perbandingan

d. proses

Jawaban : D

7. Ora nuduhake titikane wacan eksposisi yaiku....

a. mangaribawani pamaca amrih nindakake kaya surasane wacan

b. menehi sawijining informasi utawa seserepan

c. asipat objektif lan ora mehak sapa bae

d. mangsuli pitakonan bab apa, yen, lan carane

Jawaban : A

8. Sawijining gancaran kang ancase njlentrehake kanthi menehi katrangan utawa teges iku wacan eksposisi ....

a. definisi

b. perbandingan

c. proses

d. klasifikasi

Jawaban : A

9. Teks kang surasane ngemu panemu kinanthenan alesan kang tinemu nalar kanggo gawe yakine pamaca diarani ....

a. narasi

b. deskripsi

c. argumentasi

d. eksposisi

Jawaban : C

10. Gatekna pratelan ing ngisor!

(1) Nganggo pangrekane panulis.

(2) Nggunakake basa sing baku.

(3) Ancase mangaribawani pamaca amrih melu nindakake.

(4) Surasane mung menehi informasi marang pamaca.

(5) Ora meksa pamaca.

Klebu titikane wacan eksposisi yaiku ....

a. (1), (2), lan (3)

b. (2), (4), lan (5)

c. (2), (3), lan (4)

d. (3), (4), lan (5)

Jawaban : B

11. Tegese cekak lan mentes ing geguritan yaiku ...

a. ukarane sing dawa lan ngayawara

b. tembunge nganggo basa Kawi kang angel dimangerteni

c. tembunge pinilih lan ngemu teges sing jero

d. ngemu purwakanthi swara, basa, lan sastra

Jawaban : C

12. Pamilihaning tembung ing geguritan kang maknane mentes lan jero sarta bisa kanggo negesi pirang-pirang kekarepan kanthi migatekake larasing unine tembung diarani ....

a. tipografi

b. diksi

c. imajinasi

d. tembung konkret

Jawaban : B

13. Ancase geguritan diwaca kanthi teknik maca endah yaiku ....

a. dadi sarana kanggo ngatonake kaprigelan marang pamaca

b. bisa menehi tandha andhegan lan tata napas nalika maca geguritan

c. pamireng bisa aweh panga lembana

d. pamireng bisa ngrungokake lan mangerteni surasane geguritan

Jawaban : D

14. Tumindak kang nuduhake gemi nggunakake energi yaiku ....

a. tansah ngurupake lampu awan bengi

b. lelungan adoh nggunakake kendharaan umum

c. nganggo kendharaan pribadi saben dina

d. tuku piranti listrik sing dayane dhuwur

Jawaban : B

15. Maca geguritan kanthi pocapan aksara, wanda, lan tembung sing cetha sarta ora mangu-mangu. Iku diarani ....

a. wirama

b. wirasa

c. wicara

d. wiraga

Jawaban : C

16. Kahanan batin kang dirasakake pamaca sawise maca geguritan diarani ....

a. swasana

b. pralambang

c. irama

d. amanat

Jawaban : A

17. Kang kapisan ditindakake nalika nulis wacan eksposisi yaiku ....

a. ngumpulake data saka maneka sumber

b. nemtokake tema

c. nemtokake ancas panulisan

d. gawe cengkorongan

Jawaban : B

18. Sajroning struktur geguritan minangka tujuan panggurit nalika nulis geguritan kang bisa awujud isi lan amanat diarani ....

a. pada

b. tembung

c. swara/uni

d. surasa

Jawaban : D

19. Unsur kang gegayutan karo babagan kang sarwa teratur diarani ....

a. swasana

b. jeda

c. irama

d. pamilihing tembung

Jawaban : C

20. Galih maca geguritan ing ngarep kelas isine babagan perjuangane pahlawan nalika ngusir penjajah. Galih katon semangat makantar-kantar, nanging Galih ora cetha anggone ngucapake tetembungan. Tegese, menawa Galih kurang ing babagan ....

a. wicara

b. wirasa

c. wiraga

d. wirama

Jawaban : A

Dapatkan konten pendidikan mata pelajaran lainnya dari Kurikulum Merdeka dengan klik Di Sini.

Dapatkan juga berita penting dan informasi menarik lainnya dengan mengklik Google News

Sumber: Sriwijaya Post
Berita Terkait
  • Ikuti kami di
    AA

    Berita Terkini

    © 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
    All Right Reserved