b. menehi sawijining informasi utawa seserepan
c. asipat objektif lan ora mehak sapa bae
d. mangsuli pitakonan bab apa, yen, lan carane
Jawaban : A
8. Sawijining gancaran kang ancase njlentrehake kanthi menehi katrangan utawa teges iku wacan eksposisi ....
a. definisi
b. perbandingan
c. proses
d. klasifikasi
Jawaban : A
9. Teks kang surasane ngemu panemu kinanthenan alesan kang tinemu nalar kanggo gawe yakine pamaca diarani ....
a. narasi
b. deskripsi
c. argumentasi
d. eksposisi
Jawaban : C
10. Gatekna pratelan ing ngisor!
(1) Nganggo pangrekane panulis.
(2) Nggunakake basa sing baku.
(3) Ancase mangaribawani pamaca amrih melu nindakake.
(4) Surasane mung menehi informasi marang pamaca.
(5) Ora meksa pamaca.
Klebu titikane wacan eksposisi yaiku ....
a. (1), (2), lan (3)
b. (2), (4), lan (5)
c. (2), (3), lan (4)
d. (3), (4), lan (5)
Jawaban : B
11. Tegese cekak lan mentes ing geguritan yaiku ...
a. ukarane sing dawa lan ngayawara
b. tembunge nganggo basa Kawi kang angel dimangerteni
c. tembunge pinilih lan ngemu teges sing jero
d. ngemu purwakanthi swara, basa, lan sastra
Jawaban : C
12. Pamilihaning tembung ing geguritan kang maknane mentes lan jero sarta bisa kanggo negesi pirang-pirang kekarepan kanthi migatekake larasing unine tembung diarani ....
a. tipografi
b. diksi
c. imajinasi
d. tembung konkret
Jawaban : B
13. Ancase geguritan diwaca kanthi teknik maca endah yaiku ....
a. dadi sarana kanggo ngatonake kaprigelan marang pamaca
b. bisa menehi tandha andhegan lan tata napas nalika maca geguritan
c. pamireng bisa aweh panga lembana
d. pamireng bisa ngrungokake lan mangerteni surasane geguritan
Jawaban : D
14. Tumindak kang nuduhake gemi nggunakake energi yaiku ....
a. tansah ngurupake lampu awan bengi
b. lelungan adoh nggunakake kendharaan umum
c. nganggo kendharaan pribadi saben dina
d. tuku piranti listrik sing dayane dhuwur
Jawaban : B
15. Maca geguritan kanthi pocapan aksara, wanda, lan tembung sing cetha sarta ora mangu-mangu. Iku diarani ....
a. wirama
b. wirasa
c. wicara
d. wiraga
Jawaban : C
16. Kahanan batin kang dirasakake pamaca sawise maca geguritan diarani ....
a. swasana
b. pralambang
c. irama
d. amanat
Jawaban : A
17. Kang kapisan ditindakake nalika nulis wacan eksposisi yaiku ....
a. ngumpulake data saka maneka sumber
b. nemtokake tema
c. nemtokake ancas panulisan
d. gawe cengkorongan
Jawaban : B
18. Sajroning struktur geguritan minangka tujuan panggurit nalika nulis geguritan kang bisa awujud isi lan amanat diarani ....
a. pada
b. tembung
c. swara/uni
d. surasa
Jawaban : D
19. Unsur kang gegayutan karo babagan kang sarwa teratur diarani ....
a. swasana
b. jeda
c. irama
d. pamilihing tembung
Jawaban : C
20. Galih maca geguritan ing ngarep kelas isine babagan perjuangane pahlawan nalika ngusir penjajah. Galih katon semangat makantar-kantar, nanging Galih ora cetha anggone ngucapake tetembungan. Tegese, menawa Galih kurang ing babagan ....
a. wicara
b. wirasa
c. wiraga
d. wirama
Jawaban : A
Dapatkan konten pendidikan mata pelajaran lainnya dari Kurikulum Merdeka dengan klik Di Sini.
Dapatkan juga berita penting dan informasi menarik lainnya dengan mengklik Google News.