c. larik lan pada
d. prosa utawa gancaran
Jawaban : D
8. Crita legendha iku ana sambung rapete karo ....
a. dewa utawa lelembut kang dianggep tenan kedadeyan
b. para linuwih kang sekti ing jaman kuna
c. mula buka dumadine papan panggonan
d. kewan sing tindak-tanduke kaya manungsa
Jawaban : C
9. Crita kang surasane ngayawara, mokal bisa kalakon, ora bisa dilari sapa sing nganggit, lan dianggep duweke masarakat bebarengan iku diarani ....
a. dongeng
b. narasi
c. deskripsi
d. eksposisi
Jawaban : A
10. Dumadine Kutha Banyuwangi klebu jinis crita ...
a. sage
b. mite
c. legendha
d. fabel
Jawaban : B
Baca juga: Latihan Soal PTS/STS PPKN Kelas 3 SD Semester 1 Kurikulum Merdeka Tahun 2024, Lengkap Kunci Jawaban
11. Gatekna ukara ing ngisor iki!
Sawijining dina Singa kena kala kang kasebar ana alas.
Katrangan kang trep karo ukara ing dhuwur yaiku ....
a. ngemu swara [a] miring ing tembung dina, kena, kala, ana
b. ngemu swara [a] jejeg ing tembung dina, Singa, kena, kala, ana
c. ngemu swara [a] jejeg ing tembung dina, Singa, kasebar, alas
d. ngemu swara [a] miring ing tembung Singa, kena, kala, alas
Jawaban : B
12. Nganti saiki dongeng dadi sarana mulangake babagan ....
a. budaya
b. basa Jawa
c. sejarah
d. budi pakerti
Jawaban : D
13. Crita dongeng kang paraga kewan bisa solah bawa kaya manungsa diarani ....
a. legendha
b. sage
c. fabel
d. mite
Jawaban : C
Soal untuk nomor 14-15.
Kebo sing krungu Baya bengak-bengok njaluk tulung banjur nyedhak. Satekane kana, Kebo weruh Baya ketiban wit gedhe sing ambruk. Baya njaluk tulung supaya nyingkirake wit mau. Wiwitane Kebo ora gelem amarga wedi dipangan Baya, nanging Baya saguh ora bakal mangan Kebo menawa ditulungi. Kebo banjur nyurung kayu mau sengga Baya bisa ucul, nanging Baya banjur nyokot sikile Kebo. Kebo kaget banjur bengok jaluk tulung. Ora let suwe teka Kancil lan takon keneng apa Kebo bengak-bengok. Kebo banjur njlentrehake larah-larahe, semono uga Baya uga njlentrehake mula kedadeyane. Kancil durung pra- caya menawa ora ngerti kedadeyan satenane banjur akon Kebo mbalekake kayu ing awake Baya. Sawise iku, Kancil ngajak Kebo mlayu ngadoh saka Baya sing bengok jaluk tulung nanging ora ditanggepi. Baya getun ora kinira wis ora ngugemi omongane.
14. Crita ing dhuwur klebu ....
a. fabel
b. legendha
c. sage
d. mite
Jawaban : A
15. Amanat kang bisa kajupuk saka crita ing dhuwur yaiku ....
a. kita kudu tulung-tinulung kanthi pamrih
b. ora kena nulungi kanca sing mbebayani
c. kita ora kena mblenjani janji kang wis kemucap
d. nulungi kanca kanthi pilih-pilih
Jawaban : C
Dapatkan konten pendidikan mata pelajaran lainnya dari Kurikulum Merdeka dengan klik Di Sini.
Dapatkan juga berita penting dan informasi menarik lainnya dengan mengklik Google News.