Kunci Jawaban

40 Soal Ulangan Harian Bahasa Jawa Kelas 3 SD Lengkap dengan Kunci Jawaban Latihan Semester 1

Disediakan soal berupa Pilihan Ganda yang dapat dijadikan sebagai bahan belajar untuk menghadapi ulangan harian semester 1.

Penulis: Tria Agustina | Editor: Tria Agustina
pngegg.com
ILUSTRASI KUNCI JAWABAN - 40 Soal Ulangan Harian Bahasa Jawa Kelas 3 SD Lengkap dengan Kunci Jawaban Latihan Semester 1 

SRIPOKU.COM - Ayo pelajari dengan cermat 40 soal Bahasa Jawa berikut ini.

Disediakan soal berupa Pilihan Ganda yang dapat dijadikan sebagai bahan belajar untuk menghadapi ulangan harian semester 1.

Disertai dengan kunci jawaban pada setiap pertanyaan, simak latihan selengkapnya dilansir lewat YouTube BBDR.

Baca juga: 10 Latihan Soal Bahasa Jawa Kelas 4 SD Semester 2 Kurikulum Merdeka dilengkapi Kunci Jawaban

1. Tanti tuku wayang Wisanggeni ... Bantul.

A. Menyang
B. Saka
C. Ing

Jawaban: C

2. Pak Hadi maca buku babagan anak-anak Pandhawa. Basa kramane maca yaiku ....

A. Nyerat
B. Tindak
C. Maos

Jawaban: C

3. Panti nggambar wayang Antareja ... buku gambar.

A. Ing
B. Saka
C. Menyang

Jawaban: A

4. ... wae putrane Raden Werkudara iku?
Tembung pitakon kang bener yaiku ....

A. Apa
B. Sapa
C. Kapan

Jawaban: B

5.... carane nulis crita babagan anak-anak Pandhawa? Tembung pitakon kang bener yaiku ....

A. Geneya
B. Kepriye
C. Ing ngendi

Jawaban: B

6. Gatekna gambar ing samping!

gambar6 soal Bahasa Jawa
Gambar Soal Ulangan Harian Bahasa Jawa Kelas 3 SD Semester 1 serta Kunci Jawaban Latihan Pilihan Ganda

Ukara kang cocog karo gambar yaiku....

A. Wayang iku arane Gathutkaca
B. Wayang iku arane Wisanggeni
C. Wayang iku arane Antasena

Jawaban: A

7. Gatekna gambar ing samping!

gambar7 soal Bahasa Jawa
Gambar Soal Ulangan Harian Bahasa Jawa Kelas 3 SD Semester 1 serta Kunci Jawaban Latihan Pilihan Ganda

Ibune wayang ing gambar iku yaiku ....

A. Dewi Kunthi
B. Dewi Madrim
C. Dewi Wara Sembadra

Jawaban: A

8. Sapa kang lagi crita babagan Bambang Widapaksa kae? Iku tuladha ukara....

A. Pangajak
B. Pitakon
C. Pakon

Jawaban: B

9. Mangga nglestantunaken wayang anak-anak Pandhawa! Menika tuladha ukara ..

A. Pamenging
B. Pangajak
C. Pitakon

Jawaban: B

10. Pak Hari seneng tuku wayang ing Bantul.
Kosok baleen seneng yaiku....

A. Kuwatir
B. Bungah
C. Susah

Jawaban: C

Baca juga: 10 Soal Ulangan Harian Bahasa Jawa Kelas 3 SD Semester 1 serta Kunci Jawaban Latihan Pilihan Ganda

11. Tembang pocung kalebu tembang ...

a. Nasional
b. Macapat
c. Dolanan

Jawaban: B

12. Bapak Pocung biyasane saka kayu, awujud kothak, iku kanggo wadhah klambi, biyasane si Pocung ana ing kamar.
Cacahe larik tembang Pocung iku ana ...

a. Sepuluh
b. Papat
c. Telu

Jawaban: B

13. Bapak Pocung cangkemmu marep mandhuwur,
sabane ing sendhang,
pencokane lambung kering,
prapteng wisma si Pocung muntah kuwaya.
Cacahe wanda gatra kapapat tembang pocung ing dhuwur ana ....

a. Rolas
b. Sepuluh
c. Enem

Jawaban: A

14. ... kang lagi nembang tembang Pocung kae?
Tembung pitakon kang bener yaiku ...

a. Apa
b. Sapa
c. Kapan

Jawaban: B

15. Partini lan Joko Wiwaha wasis nembang Pocung. Tembang wasis tegese ...

a. Trampil
b. Pinter
c. Sregep

Jawaban: B

16. Segara mbeldhes iku tegese sega pera sambel ...

a. Asin
b. Pedhes
c. Lombok

Jawaban: B

17. Ing ngisor iki sing kalebu blendheran yaiku...

a. Pakbomba
b. Pitik walik saba kebon
c. Sandhale cap ratu

Jawaban: C

18.Duwe rambut ora duwe endhas batangane...

a. Salak
b. Nanas
c. Jagung

Jawaban: C

19. Pitik walik saba meja batangane ...

a. Sapu
b. Sulak
c. Lap

Jawaban: B

20. Cangkriman sing cocog kanggo gambar ing ngisor iki yaiku ...

Gambar Soal Ulangan Harian Bahasa Jawa Kelas 3 SD Semester 1 dilengkapi Kunci Jawaban Pilihan Ganda
Gambar Soal Ulangan Harian Bahasa Jawa Kelas 3 SD Semester 1 dilengkapi Kunci Jawaban Pilihan Ganda (YouTube/BBDR)

a. Pitik walik saba kebon
b. Pitik walik saba meja
c. Nduwe rambut ora duwe endhas

Jawaban: A

21. Bu Guru nerangkae, becike para murid ...

a. Ngrungokake
b. Rame dhewe
c. Nyepelekake

Jawaban: A

22. Murid kang mempeng sinau bakal ...

a. Bodho
b. Pinter
c. Kesed

Jawaban: B

23. Pak Guru nulis geguritan ing papan tulis.
Basa kramane nulis yaiku ...

a. Maos
b. Nyerat
c. Ngendika

Jawaban: B

24. Para murid gladhen njoged ing aula. Tembung gladhen padha karo ...

a. Sinau
b. Latian
c. nonton

Jawaban: B

25. Santi lan Anik maca buku ... perpustakaan.

a. Menyang
b. Saka
c. Ing

Jawaban: C

26. Gatekna gambar ing ngisor iki!

gambar6 soal UH Bahasa Jawa
Gambar Soal Ulangan Harian Bahasa Jawa Kelas 3 SD dan Kunci Jawaban Latihan Pilihan Ganda Semester 1

Ukara kang cocog karo gambar yaiku ...

a. murid-murid dolanan ing plataran sekolah
b. Para murid padha reresik sekolah.
c. Bocah-bocah mangan bareng

Jawaban: A

27. Ayo nulis crita kewan kanthi seneng! Iku tuladha ukara ...

a. Pamenging
b. Pangajak
c. Pakon

Jawaban: B

28. Tulisen ukara kang isine kegiayatan sekolah! Iku tuladha ukara ...

a. Andharan
b. Pangajak
c. Pakon

Jawaban: C

29. Pengalaman kang nyenengake ing sekolah yaiku ...

a. Tiba ing latar sekolah
b. Entuk biji kang apik
c. Didukani bu Guru

Jawaban: B

30. Murid kang lara weteng banjur menyang ...

a. Perpustakaan
b. Kantor guru
c. UKS

Jawaban: C

31. Sakdurunge mangkat sekolah, aja lali nyuwun tambahing donga....

a. Pangestu
b. Dinonga
c. Tolak bala

Jawaban: A

32. Menawa nampa peparingan saka sapa wae, aja lali ngaturaken ....

a. Matur malih
b. Matur nuwun
C. Nyuwun malih

Jawaban: B

33. Yen tumindak luput, cepet njaluk ....

a. Ganti
b. Tulung
c. Pangapura

Jawaban: C

34. Yen arep takon dalan kudu matur .... Dhisik.

a. Nuwun sewu
b. Matur nuwun
c. Nyuwun pamit

Jawaban: A

35. Pinuju liwat ana ngarepe wong lungguhan aja lali matur....

a. Ndherek matur
b. Ndherek langkung
C. Ndherek prihatos

Jawaban: B

36. Matur marang wong tuwa utawa marang wong sing luwih tuwa nganggo basa ...

Jawaban: krama

37. Sampun jam pitu eyang dereng tangi. Tembung tangi benere....

Jawaban: wungu

38. "Aku bungah banget dene saiki putuku wis gedhe-gedhe."

Tembung bungah tegese

Jawaban: seneng

39. Kepriye anggonmu matur nalika: nyuwun dhuwit dingo tuku sepatu?

wangsulan: Bu, Kula badhe nyuwun arta kagem tumbas sepatu.

40. Geweya ukara nganggo basa krama saka tembung "matur nuwun"!

Wangsulan: Kula ngaturaken maturnuwun sampun diparingi jajan.

Sumber: Sriwijaya Post
Berita Terkait
  • Ikuti kami di
    AA

    Berita Terkini

    © 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
    All Right Reserved