Kunci Jawaban

Soal PTS/STS Bahasa Jawa Kelas 3 SD Semester 1 Kurikulum Merdeka Tahun 2024 Lengkap Kunci Jawaban

Berikut ini merupakan latihan soal PTS/STS Bahasa Jawa kelas 3 SD semester 1 Kurikulum Merdeka tahun 2024 lengkap kunci jawaban.

Penulis: Ayu Wahyuni | Editor: Ayu Wahyuni
buku.kemdikbud.go.id
Latihan soal PTS/STS Bahasa Jawa kelas 3 SD semester 1 Kurikulum Merdeka tahun 2024 lengkap kunci jawaban. 

SRIPOKU.COM - Artikel berikut menyajikan latihan soal Penilaian Tengah Semester (PTS) atau Sumatif Tengah Semester (STS) Bahasa Jawa kelas 3 SD semester 1 Kurikulum Merdeka tahun 2024 lengkap kunci jawaban.

Siswa dapat menggunakan latihan soal PTS/STS Bahasa Jawa kelas 3 SD semester 1 Kurikulum Merdeka ini untuk belajar dan menambah pengetahuan jelang ujian.

Mengutip dari YouTube Sekolah Online Pak T, simak serta pelajarilah latihan soal dan kunci jawaban berikut ini.

Baca juga: Contoh Soal PTS/STS Bahasa Inggris Kelas 3 SD Semester 1 Kurikulum Merdeka, Lengkap Kunci Jawaban

1. Gatekna katrangan ing ngisor!

Esuk kuwi Mbok Randha golek iwak ing kali nganggo jala. Ing kali kuwi Mbok Randha weruh keyong kang warnane emas. Mbok Randha banjur nggawa Keyong Mas mau lan dilebokake njero genthong ing pawon omahe.

Saka katrangan ing dhuwur, unsur kang cetha katon ing jerone yaiku

a. latar wektu lan latar swasana

b. latar wektu lan latar panggonan

c. latar swasana lan latar prastawa

d. latar panggonan lan latar prastawa

Jawaban : B

2. Sawah ing cedhak omah iku jembar bawera.

Tembung kang migunakake swara [a] jejeg yaiku.....

a. bawera

b. cedhak

c. omah

d. sawah

Jawaban : A

3. Tuladha pengalaman lucu yaiku ....

a. disisihake keri dhewe arep dipangan, dikira daging jebul laos

b. lagi gayeng ngulukake layangan jebul senare pedhot

c. menyang pasar malem nganti wengi lan tangi kawanen

d. plesir menyang pante lan nonton penyu

Jawaban : A

4. Katrangan kang nuduhake babagan wektu, papan panggonan, lan kahanan swasana kedadeyan sajroning crita diarani ....

a. paraga

b. alur

c. tema

d. latar

Jawaban : D

5. Ing ngisor nuduhake pengalaman sing bisa gawe wedi yaiku ....

a. liwat kebon sing peteng wayah sore manjing surup

b. kelangan buku crita wacan kang disenengi

c. munggah kelas kanthi biji nengsemake

d. durung bisa menang lomba kang dianakake ing sekolah

Jawaban : A

Baca juga: 20 Soal PTS/STS Seni Rupa Kelas 3 SD Semester 1 Kurikulum Merdeka Lengkap dengan Kunci Jawaban

6. Aku mangkat sekolah, dene Bapak uga... nyambut damel. Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara yaiku ....

a. budhal

b. kesah

c. mangkat

d. tindak

Jawaban : D

7. Crita dongeng iku panyajiane awujud crita ....

a. wayang

b. kethoprak

c. larik lan pada

d. prosa utawa gancaran

Jawaban : D

8. Crita legendha iku ana sambung rapete karo ....

a. dewa utawa lelembut kang dianggep tenan kedadeyan

b. para linuwih kang sekti ing jaman kuna

c. mula buka dumadine papan panggonan

d. kewan sing tindak-tanduke kaya manungsa

Jawaban : C

9. Crita kang surasane ngayawara, mokal bisa kalakon, ora bisa dilari sapa sing nganggit, lan dianggep duweke masarakat bebarengan iku diarani ....

a. dongeng

b. narasi

c. deskripsi

d. eksposisi

Jawaban : A

10. Dumadine Kutha Banyuwangi klebu jinis crita ...

a. sage

b. mite

c. legendha

d. fabel

Jawaban : B

Baca juga: Latihan Soal PTS/STS PPKN Kelas 3 SD Semester 1 Kurikulum Merdeka Tahun 2024, Lengkap Kunci Jawaban

11. Gatekna ukara ing ngisor iki!

Sawijining dina Singa kena kala kang kasebar ana alas.

Katrangan kang trep karo ukara ing dhuwur yaiku ....

a. ngemu swara [a] miring ing tembung dina, kena, kala, ana

b. ngemu swara [a] jejeg ing tembung dina, Singa, kena, kala, ana

c. ngemu swara [a] jejeg ing tembung dina, Singa, kasebar, alas

d. ngemu swara [a] miring ing tembung Singa, kena, kala, alas

Jawaban : B

12. Nganti saiki dongeng dadi sarana mulangake babagan ....

a. budaya

b. basa Jawa

c. sejarah

d. budi pakerti

Jawaban : D

13. Crita dongeng kang paraga kewan bisa solah bawa kaya manungsa diarani ....

a. legendha

b. sage

c. fabel

d. mite

Jawaban : C

Soal untuk nomor 14-15.

Kebo sing krungu Baya bengak-bengok njaluk tulung banjur nyedhak. Satekane kana, Kebo weruh Baya ketiban wit gedhe sing ambruk. Baya njaluk tulung supaya nyingkirake wit mau. Wiwitane Kebo ora gelem amarga wedi dipangan Baya, nanging Baya saguh ora bakal mangan Kebo menawa ditulungi. Kebo banjur nyurung kayu mau sengga Baya bisa ucul, nanging Baya banjur nyokot sikile Kebo. Kebo kaget banjur bengok jaluk tulung. Ora let suwe teka Kancil lan takon keneng apa Kebo bengak-bengok. Kebo banjur njlentrehake larah-larahe, semono uga Baya uga njlentrehake mula kedadeyane. Kancil durung pra- caya menawa ora ngerti kedadeyan satenane banjur akon Kebo mbalekake kayu ing awake Baya. Sawise iku, Kancil ngajak Kebo mlayu ngadoh saka Baya sing bengok jaluk tulung nanging ora ditanggepi. Baya getun ora kinira wis ora ngugemi omongane.

14. Crita ing dhuwur klebu ....

a. fabel

b. legendha

c. sage

d. mite

Jawaban : A

15. Amanat kang bisa kajupuk saka crita ing dhuwur yaiku ....

a. kita kudu tulung-tinulung kanthi pamrih

b. ora kena nulungi kanca sing mbebayani

c. kita ora kena mblenjani janji kang wis kemucap

d. nulungi kanca kanthi pilih-pilih

Jawaban : C

Dapatkan konten pendidikan mata pelajaran lainnya dari Kurikulum Merdeka dengan klik Di Sini.

Dapatkan juga berita penting dan informasi menarik lainnya dengan mengklik Google News.

Sumber: Sriwijaya Post
Berita Terkait
  • Ikuti kami di
    AA

    Berita Terkini

    © 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
    All Right Reserved